Monday, March 7, 2011

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Mak mu Kiper !


Mak mu Kiper !  


Poiniti sakjané arèk asli Ngalam. Tapi, berhubung mulai licek dijak trans nang Kalimantan, malih kadit osib osob Ngalam. Pas hélom nang Ngalam  - mèk siji sing dipingini Poniti: ngumpulno pisuhan lèdom Ngalam. Tujuané cèk kètok ayag, iki loh Ongis  Nadé tulèn.

Saben ketemu nawak utowo onggot é, Poniti nyopo karuh mésuh. “Katé nang endi Cuk awakmu…?” Susy nawaké langsung kagèt, terus mbales,”jangkrik! kok kemènyèk koen ndhuk.” balesé Susy karo kethus. Masio di pendeliki, Poniti sueneng, soalé osi ngumpulno perbendaharaan pisuhan.

Telung dino, Poniti wis olèh koleksi pisuhan uakèh. Gak konconé thok dipisuhi, wong kèwut barang, kèra nganal yo di garahi – sengojo. Cek mbales dipisuhi – terus pisuhané dikoleksi.

Soré-soré Mak é Poniti kuagèt, koq dungarèn Poniti hélom nang hamur  karo nangis. “Opo’o Ndhuk kok nangis, biasané ko’en oket karo ngguyu-ngguyu. Mari dipisuhi wong a?” Mak’ é Poniti nokat.

Poniti  :Kadit Mak, iki maeng ketemu Yudi arèk kelas 4 SD tas hélom.
             Ngilokno aku – gak genah arèk iku…!”

Mak     : Lho biasané ko’en nggarahi dhisik terus seneng lèk dipisuhi
              ganti…di lukup ta ko’en? Kon ngomong opo terus Yudi omong opo?

Poniti  : Nggak Mak… arèk iku nuduh!
  He arèk licek … bajingan tengik!  aku ngilokno ngono.
  Terus Yudi pecicilan karo omong: Makmu kiper!
              He arèk percil… kon koyok cèlèng!
  Yudi tambah ngguyu: Makmu kiper…!!! Aku gak trimo, kadit kuat,
              terus nangis..
  Padahal sampèyan lak Kanan Luar  yo Mak..?

Mak     : ?????????
  (Salah! Mak biyen klèbèt.... )  

Ayo Kér, Osob Ngalaman!

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Keluarga Korban



KELUARGA KORBAN
Pas hélom tekok idrek, Ponidi ndelok onok kerumunan wog akèh. Ponidi pingin itreng, koyoké onok kecelakaan. Katé nyedek, Ponidi gak  osi ndelok, onok opo sakjané ndhik tengahé wong-wong akèh iku. Malah krungu suaro,” sing kenèk tabrak likisé.” Onok hènam sing ngomong,”sing nabrak nggawé  sepeda motor prèthèlan terus mlayu – gak tanggung jawab.” Ponidi tambah pingin eruh korban tabrak lari iku. Tapi saben kete nrombol wong sing ngrubung, mesti gak osi, saking akèhé wong.
Ponidi terus ngetokno akal kancilé, sing terkenal brilliant & kreatif. Ponidi terus mbengok,”Minggir sam! ayas rulud é si korban – tulung ringgim. Ayas aradus é sing kenèk tabrak.” Krungu dulur-é korban, wong-wong molahi ndelok Ponidi, namatno wajahe Ponidi. Ponidi rikim,” wah berhasil iki…!” Temenan, onok sing ngandani, “sik minggir Kèr, iki onok duluré si korban.” Wong-wong mulai nyisih, Ponidi olèh angin. Lèdom e Ponidi pokoké koyok wong kenthel wis – langsung iso nembus nang tengahé kerumunan.
Bareng tekok tengah, Ponidi takon, “Endi sing ditabrak?” onok arèk licek langsung mbengok, “yoiki sing ditabrak!” Wuih kaget temenan, tibak’é sing ketabrak: wedus ireng. Ponidi rainé mbrabhak, sampèk mèwèk, uisin pol.

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) KODèW KèR!


KODèW KèR!
                 
              Pilkada wis kurang amil bulan. Agit pasang Calon Bupati  odop kampanye, muter-muter nang rasap, natamacek, nahalurek sampèk nang osèd-osèd. Strateginé hèbak  calon macem-macem, onok sing nggawé layar tancep, orasi nang nangapal, ublem nang rasap-rasap, siaran nang oidar, ngasam spanduk, karo nèmplèkno poster sing hédeg-hédeg. Tekan telu cabup, onok utas sing kodèw, Bu Paitun. Selama aud bulan kampanye èbès kodèw iki ulales merasa dilècèhno, soalé dianggep lemah, kadit éwud power utowo kurang lendek.

              Waktu kampanye kurang agit minggu, Bu Paitun mulai rikim serius, yoopo carané supoyo dè’é osi lebih terkenal dibanding saingan kapab-kapab otowo calon nganal, sing terkenal mbagi-mbagi ojir nang rajalep, arèk hailuk sampèk ubab-ubab nang hamur-hamur.

               Bengi iku Bu Paitun kadit osib rudit, terus rikim, golèk akal sing thok cèr. Akhiré pas jam rolas ingeb, dè’é oleh inspirasi. Paitun sampèk ngguyu dhéwé. Untung gak onok wartawan utowo genaro liwat, osi-osi dikira alig engkuk.

               Calon ijis-ijs é sing kodèw iki, langsung nggawé acara kampenye nang panggoné komunitas arèk Ngalam, sing biasané nganggo osob kiwalan. Mergo diomongi katé diajak dialog Osob Kiwalan, wow arèk-arèk ngenes kabèh nang kono. Undangan jam ujut, wong-wong wis mulai oket jam omil. Saking nafsuné pingin ndang osi diskusi Osob Kiwalan. Kesempatan iku ditangkap karo Bu Paitun, mbhèk mèsem sing di sinam-sinam no, nèsod kana aud sing mulai kètok STW iki langsung munggah ngunggap. Karo nyekel mick, mèmès mulai nyopo kèra-kèra komunitas Osob Ngalam an.
             
                 “Malas utas awij !!” karo rodok mbengok, tangane karo digheghem koyok pas nggawé mèndol ndhik rupad. Arèk-arèk antusias nyauti “MALAS UTAS AWIJ!!” onok sing karo tos karo nawaké, onok sing langsung suit-suit iling tail biskup jik jamané onok misbar Dulek biyèn.

                 Paitun tambah tamanges, gak kroso kampanyené wis berlangsung sak jam. Nang ujung kampanyené, hadirin langsung di ajak ngadek kabèh.
      “Ayo, saiki aku nokat karo sampèyan hèbak !! Tantangan iki sam !!”  Bupati iku sing bener wong Nganal opo kodèw?” pertanyaan iku diulang hènam karo njerit,”Nganal opo kodèw? Wong-wong langsung tubir, suworoné campur aduk koyok kumpulan tawon mari ngentup. Sing paling ngarep langsung njawab, ”nganal!!” disusul karo mbhurine nyahut “gak mesti, kadang nganal – kadang kodèw” terus sing lundug untuné bogang nyahut ambhèk rodok ngowos,”saiki jaman emansipasi Bès, osi nganal-osi kodèw, tergantung kebutuhané.”
            Bu Paitun suarané malih mlengking, opo manèh nggawé mick, malih koyok inyanyep rock-n-roll, “HALAS, iku kadit reneb!!” . Pengunjung nggremeng sediluk, tapi langsung sirep, ipes koyok nang narubuk, wong koyok kètam kabèh. “Jawabané sampèyan hèbak iku halas!” ilakes lagi, HALAS!” calon bupati kodèw mulai maju,”Ayo ayas katé nokat hènam: Bu Roni iku nganal opo kodèw?” pengunjung njawab serentak  ”Kodèèèèww!”
            “Bu Joko, nganal opo kodèw?”                 “Kodèw!”
            “Bu Sugeng, nganal opo kodèw?”            “Kodèw!”
            “saiki, Bu Pati iku nganal opo kodèw?”   “Kodèw”

“Lha iku baru RENEB, sampèyan kabèh ancèn hèbat. Tabèh hèbak! Bupati iku…..?”
“KOOOODDDDèèèèèWWW!”

“Lèk onok Bu Pati nganal, jenengé…..?”
“Ngoncèb…alias incab”

“Dadi, aradus hèbak…bupati iku kudu KODèW, lèk onok sing duduk kodèw, jenenge …ngoncèb! Kodèw Kèr, lèk duduk kodèw Iku kadit nès – NGONCèB!

Sakjeké kampanye nang komunitas  pecinta Osob Ngalaman, slogan Bupati iku dadi: Kodèw Kèr. sampèk pas dino coblosan, hèbak genaro podo bengok-bengok,”Kodèw Kèr, kodèw Kèr!” onok sing mèk nggremeng thok, onok sing ndungo nang njero ati, tapi mbatin “Kodèw Kèr”. Akhiré Bu Paitun oleh suara mayoritas 80%, nganem telak dibanding èbès loro, nawal é. Iku arag-arag slogan Lèk gak Kodèw = ngoncèb!  Kodèw  Kèr!”  


Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Rayab Dobel


Rayab Dobel

Wis agit hari iki Ponidi loro untuné.  Berarti, agit hari kadit rudit, yo kadit suda, soalé sambaté untuné loro pol… Ojob é Ponidi, Poniti, kadit tahan ndelok sambaté –langsung nyeluk kacèb – di pekso nang dokter. “Ayo wis, nang dokter gigi Hanafi kono lho murah, cabut mèk seket ewu. Ayas sing rayab wis ongkosé”

Nang ruang prakteké dokter Ponidi bengok-bengok. Pas di perikso ambèk dokteré, Ponidi sambat terus. Dokter cepet2 ngekè’i obat terus narik ongkos satus ewu.

     “Lho, kok larang yo, biasané sèket ewu….” Ponidi mringis

     “Untung awakmu mèk tak tarik dobel !!!.” jaré dokter karo mendelik

     “Lho, sampèan kok narik dobel?” Ponidi mentheleng sampèk utem ototé

     “Mulai awal, awakmu wis bengok-bengok, pasienku sing papat mlayu kabèh.
      Terus ambuné ababmu iso nggarahi aku loro telung dino. Ayo, njaluk tak tarik    
      dobel opo limang atus éwu?”  jaré dokteré.

(Krungu pasién mlayu kabèh, Ponidi ngguyu éwéd, langsung untuné waras. Ojobé sing untuné malih dadi cekot-cekot)     
             (Adi Mohe)

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Mèk Sak Nyuk


Mèk Sak Nyuk

Lilis ancèné semlohè, kadit sinam thok tapi yo tahès komès barang. Mari halokes nang SMA Dulek terus kadit nerusno. saiki idrek é yo nungguk toko né èbèsé. Isuk, awan, sore , bengi jogo toko sing jèjèr karo omahé.

Awan-awan onok Sudrun teko nang toko. Lèdomé Sudrun, masio wis STW tapi sik tergolong nyèntrik, nggawé alanet jeans bolong dengkulé, klambi kothak-kothak di bledèhno sampèk kètok dhodhoné. Nggawé ocok-otom ireng, terus sirahé ditutupi ipot laken. Persis koyok blantik ipas. HP né muni, ring-toné lagu tradisional Ngalam: gending tayuban.

Onok wong rodok éjés, Lilis kagèt tapi yo kudu ngguyu. Durung sampèk entèk ngungibé, Sudrun langsung buka ocok-otome karo nyopo

Sudrun           : Iki mesti Lilis ya, sam Ndo onok hamur a?
Lilis                : Lho sampèan iku sopo?

Sudrun          : Ayas nawak é sam Ndo sing ndhik Jakarta
Lilis                : Lho, Sam Ndo kan ndhik Jakarta sam.

Sudrun          : Oyi, tak pikir wis hélom
Lilis                : Oyi Sam, mungkin onok pesen, engkuk tak
                         sampèkno

Sudrun          : Ngene Lis, ayas iki sakjané ngagumi énté
                        Yoopo lèk umak tak jak uklam-uklam
                        sediluk aé
Lilis               : Sampèan ojok kurang ajar lho Sam

Sudrun          : Gak Lis sumprit, ayas gak duwé kamsut
                        èlèk karo umak. Oyi wis ayas itreng lèk
                        awakmu nungguk okot.  Yoopo lèk ayas
                        titip ojir, khusus nang Lilis.
                        Tandané ayas simpati karo Lilis
Lilis               : Maksud sampèan iku duwik kanggo ukut
barang nang toko ikia?

Sudrun          : Kadit, ojir iki tak kèk no thok..syarat é ènthèng
Lilis               : Lho… ojiré orip sih terus opo saraté?
Sudrun          : Iki onok sutar tekes ubir, tapi kudu tak
                        dèkèk déwé nang njero kaosmu (Sudrun karo
                        ngekè’i kode nglebokno tangané nang njeruh
                        dhodho). Terus onok hènam: rong atus tèkes
                        ubir tapi kudu gelem tak pangku, hulupes menit.
                        Dadi totalé orip?
Lilis               : Limang atus ewu. Lho tapi sampèan kok kurang
                        ajar njaluk rogo-rogo karo mangku ayas?
Sudrun          : Ayas gak mekso soalé sam Ndo kan nawaku
                        ayas yo gak gelem nyakiti énté. Ngéné aé wis,
                        Tak tambahi omil ubir gawé kiss sayang…pikiren
                        dhisik limang menit. Lek kadit meleg yo uwis,
                        ojir tak gowo balik.

Lilis langsung mikir, sakjané gilo karo gayané Sudrun sing korak iku… tapi lèk di rikip manèh, tokoné sepi nemen – sedino durung mesti oleh ojir sutar ubir, terus mèk dipangku thok sepuluh menit karo di leket ususé, terus diambung. Lek dipikir-pikir yo gak kalong yo. Gak onok èfèk é, terus yo gak ayahab – opomanè gak onok wong eruh. Akhiré Lilis nemoni Sudrun lèk dèk’é setuju tapi gak oleh omong sopo-sopo. Iku saraté tekok Lilis.

Awan iku okot langsung ditutup, Ulis dipangku, ojir di ublemno soaké Lilis, nembus nang dhodhoné lan liyo liyané… bla bla bla…blub blub blub. Hulupes menit ditambah injury time – permainan akhiré mari, Sudrun mastèkno ojir limang atus ewu plus omil ubir wis dikèkno Lilis. karo menggèh-menggèh Sudrun pamitan.

Mari Sudrun hélom, Lilis yo seneng nyekel ojir nayamul akèh. Okot di bukak manèh. Pas soré Sam Ndo, Mas é Lilis oket nang hamur.

Ndo                 : Dik, onok koncoku Sudrun mréné?
Lilis                 : Onok, wongé sing mokong karo mekitik iku sih?
Ndo                 : Oyi! Wah..kebeneran ayas ancène ngongkon 
                          Sudrun nagih ojir material limang atus ewu. Endi 
                          ojiré soalé aku katé budhal manèh nang Jakarta 
                          mené isuk – gawé tuku material nang proyèk.


            
            Lilis                 : (Jangkrik ayas mek olèh omil ubir tapi diobok-obok 
                                      karo walang-sangit iku. Awas kon lèk réné manèh 
                                      yo – tak kepruk dingklik sampèk pèthal koen  yo..!!)