Monday, March 7, 2011

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Babon Hitup


    BABON HITUP

Wak Ponidi umuré wis 79 nuhat. Elèk-èlèk’o ngono Wak Ponidi iku juragan kitip, éwud peternakan, wong kèwut iki terkenal kitip’é wuakèh. Paling sethithik onok 200 kitip petelor. Sing diandalno yo ndhog’é kitip iku. Tekok lodod rulet kitip, Wak Ponidi iso nyekolahno 4 anake sampèk mentas hèbak. Nomer ijis wis idrek, nomer aud mari wisuda. Nomer agit hailuk nang Peternakan. Sing ragil wis kelas agit halokes SMA, masio arèk ragil iki nakal pol, gawéné solob karo kubam, tapi halokes’é lancar. Mungkin onok turunan utek’é Wak Ponidi, sing terkenal èncèr – karo lihai golèk ojir. Wak Ponidi wis apal karo bisnis rulet ayam, mesti kudu onok kitip jago karo bobon nang kandhang. Baboné 200, jagoné onok 20. Wah, kanè kèr sing dadi jago. Kitip nganal ijis iso niam mbèk babon hulupes. Tapi, strategi iku sing nggarahi suksès. Strategi nomer aud, sing lebih ngintep, lèk babon wis gak iso ngendhok, di hèleb – ganti babon anyar sing iso ngendhok akèh. Wak Ponidi wis apal carané nge-tès, seminggu pisan babon-babon dileket gantian. Babon dipangku, ngokob’é di pledhingno, terus driji tengahé Wak Ponidi dilebokno nang tilis-é kitip. Driji di kusamno sampèk pol, karo rodok nyengir-nyengir thithik. Masio otom’é Wak Ponidi wis mbhlereng tapi lèk soal nglebokno driji nang tilisé babon – wow arauj wanyok iki Kèr! Nobab iku biasané mbengok “petoook….petoook” Lek wis njherit petok – petok ngono berarti kadit tahès, kadit osi ngendhog akéh. Koyok uwong, lèk kakèan cangkem biasané gak produktif, kecuali idrek é dadi inyanyep, orator, utowo penyiar. Kitip sing bengok-bengok gak karuan berarti babon wis STW utowo kèwut pol, endhog’é gak utem – tapi mbhengoké thok sing banter. Terus babon didèwèkno nang kombong licek, gak mbhalik manèh nang kandhang. Menéné di hèleb, di owog nang rasap, di lawèt nang onggot utowo di nakam éwéd karo oges anget, di naskim bareng karo aradus hèbak, hmm.. kanè poll.

Ponijo, kanaé Wak Ponidi sing hailuk nang Peternakan, terus mèlok nengeri endi aé nobab sing lancar ngendhoké, endi sing seret. Wis bertahun-tahun, ngono yo akurat i feeling’é wak Ponidi. Buktiné, peternakané tambah ujam, ojir terus oket, keluargané dadi wong ayak. 

Sak akèhé kitip maeng, onok babon hitup ijis, sing wis berbulan-bulan, mungkin wis pirang-pirang nuhat; posisiné tetep gak diganti-ganti. Padahal babon hitup iku wis kadit adum manèh, malah mungkin wis dadi mbahé kitip. Biasané, agit minggu - paling suwih aud bulan, babon wis diganti cèk terus produktif. Saking penasarané, Ponijo sering ngintip babon putih sing lolos sènsor terus iku. Diwasno sampèk kèlè, ancené yo wis kewut kitip uki. Ngendhog yo wis kadit osi. Paribasané, masio di pekso dithukno jago bulé ya wis kadit ngampèr, kadit osi ngendhok manèh. Tapi, opo’o kok babon iku terus dipertahano karo èbès? Ancené tahès-komès, tapi wis kèwut. Mosok sih ‘ada main’ antara èbèsé karo babon putih? Soalé penasaran, kadit itreng karo tambah ngungib, isuk-isuk Ponijo mruput, terus nèkat ublem kandhang kitip, sak durungé onok pengecèkan babon tekan èbèsé. Babon hitup di leket, terus ditamatno body-né, Ponijo mulai ngghremeng dhéwé “Opo’o awakmu kok gak diganti, padahal awakmu wis gak iso ngendhog?” Ponijo nglirik tilisé babon, terus ngghremeng hènam,” ènak ae awakmu nang kandang terus, nakam-nakam thok, karo indehoi mbhèk jago-jago, tapi gak ngendhog. Babon hitup karo rodok kemayu terus nyauri,”Oyi sam, ayas kan wis éwus nang Ngalam.” Ponijo kagèt pol, sampèk nggeblak krungu onok kitib nggawé Osob Kiwalan. Likisé keprèsèt, Paijo terus nyosop; katéné ngadek malah kebenthuk cagak, terus njlungup, rainé jibrat kèat.

Krungu ribut-ribut, Wak Ponidi utem karo mendelik. “Oh jangkrik, tak rikip onok maling rèk, gak eroné Ponijo isuk-isuk wis push up.” Mbhèk rodok kèwèm kadit osi nutupi isiné, Ponijo metu kandang alon-alon karo dendham kesumat nang babon putih. Untung èbèsé rodok mbhlereng, gak eruh lek awak mbhèk rainé Ponijo jibrat kèat kabèh.

Pas Wak Ponidi mulai razia babon, Ponijo langsung nyekel babon hitup, terus dicedekno nang èbèsé. Pikiré Ponijo,”kapokmu kapan koen ndhuk! saiki wayahé seleksi alam, tak hèleb koen mariki yo…!” karo gheghet-gheghet. Bener, wak Ponidi wis ahli dalam hilim babon, langsung nyahut babon putih maeng: dipangku, dikurepno, ngokobé di pledhingno, driji tengahé di luncum no, diusap-usapno sik nang soak oblongé, terus diublemno nang tilis babon putih. Babon langsung mbengok, “koootep…koootep…koootep”  terus dibalèkno manèh nang njeruh kandhang, lolos gak di hèleb. Babon hitup langsung mengepalkan cèkèr “hidup kitip Ngalam!”   

(originally created by Adi Mohe).

No comments:

Post a Comment