Thursday, March 31, 2011

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Beo Inyanyem


BéO INYANYEM

Juragan Sudrun terkenal medhit pol. Wanyik iki senengané ngingu manuk béo sing pinter inyanyem. Pas tanggal abang, Sudrun uklam-uklam nang Rasap Burung. Nang stan pojokan akèh wong ngrubung, ndelok kepinterané béo sing pinter inyanyem. Nayamul, isuk-isuk akèh sing dihibur karo nyanyiané kunam, mulai lagu dangdut sampèk jazz.

Sudrun cobak nyedhek, sing duwé béo langsung nyopo,”Salam Utas Awij Gan! Béo iki lek ditarik likisé sing kanan, osi nyanyi dangdut.” Likisé béo ditarik thithik langsung krungu lagu Keong Racun vèrsi dangdut. “Terus, lek likis owik é ditarik, osi nyanyi lagu sendu”. Reneb, likis kiri ditarik – béo langsung menyanyi FEELING vèrsi Julio Iglesias” (wik..wong-wong sampèk mbrebes mili).

Sudrun munyes sampèk kètok untu pathikané, tapi gak gelem rugi, terus takon nang sing duwé kios,”lek likis é ditarik hèbak, kiwo-tengen, nyanyi lagu opo yo?” Béo langsung nyahut ”yo nggeblak ayas! iki wis kèwut tapi nemen gobloké hé hé hé” Béo terus ngguyu, Sudrun terus mlayu kepoyo-poyo.  (Adi Lassta)

Monday, March 7, 2011

Contoh Entry: Osob Ngalam - Bahasa Indonesia


B
BOSO MALANG                                         BAHASA INDONESIA

Babah                                                           biar, biarkan
Babahno                                                       biarlah, biarkan
Babaran                                                        melahirkan, bersalin
Babon                                                            ayam betina
Babras                                                           terluka, lecet
Badhèg                                                          air ketan hitam
Badheg                                                          bau busuk

Contoh Entry: Bahasa Indonesia - Osob Ngalam

B
BAHASA INDONESIA                   BOSO MALANG                                        

babak belur                                      bunyek
babi hutan                                        cèlèng           
babi hutan kecil                               genjik
bacakan !                                         wacakno                                                        
bacalah!                                           wocoen                                             
bacot                                                cocot

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Ubab Tersanjung


Poniti kolèm juragané wis 10 tahun luwih. Pas ingeb onok tamu, tapi juragané kadit nang hamur. Tamuné wong asli Ngalam, jenengé Solikin tapi bekèn diceluk Nikolas (Osob Kiwalan Jo).

Nikolas : coba tak entèni 5 menit sih, lèk durung hélom yo
mené aé mréné manèh

Poniti    : Oyi sam Nikolas, sampèan pinarak (karo njupukno
ngombé)

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Ojob Mokong


Ojob Mokong

Kring..kring… telpon muni ping omil baru diangkat Inem:

Sudrun          : Halo sopo iki?
Inem               : kulo inem Pak, pembantu ènggal – nembé mawon
                        dateng
Sudrun          : tulung celukno ibuk, omongno Bapak katé omong
Inem               : Ibu wonten kamar Pak kalé tamuné
Sudrun          : Lho…. sopo tamuné ??!
Inem               : duko sinten, jaler Pak, tiyangé putih nginggil
Sudrun          : Wah ojob malih mokong rèk! Sih..jukukno linggis
                        nang cedek kono
Inem               : Mboten wonten pak, niki enten kayu ganjel
                         lawang Pak
Sudrun          : Yo wis, saiki gepukno nang gegeré ibuk karo wong
                        lanang iku yo.
                          Cepetan yo, penting iki! wah ojob siji mokong pisan..!

Inem langsung nang ramak, wong loro sing omong-omongan nang njeruh kono langsung di smash karo kayu ganjel lawang. Ngek ! ngek ! rong lukup an wis langsung semaput loro-loroné. Terus Inem mbalik nang télpon.

Inem               : Sampun pak, pun semaput sedaya tiyang é
Sudrun          : Bagus, engkuk tak undakno bayaranmu. Saiki,
                        kayuné buaken nang cendèlo mburi omah, iku
                        langsung kali.
Inem               : mboten wonten cendèlo niku pak
Sudrun          : lho iki omah nang Jl. Nangkring gang papat kan..?
Inem               : Sanès, niki terosé ten Jl. Blimbing
Sudrun          : Ohh… sepuroné – salah sambung lèk ngono. Wis
                        ndang minggato ae  Nem…pumpung durung gègèr
                        (langsung telpon ditutup)
Inem               : ???@@@@@@@########                

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Babon Hitup


    BABON HITUP

Wak Ponidi umuré wis 79 nuhat. Elèk-èlèk’o ngono Wak Ponidi iku juragan kitip, éwud peternakan, wong kèwut iki terkenal kitip’é wuakèh. Paling sethithik onok 200 kitip petelor. Sing diandalno yo ndhog’é kitip iku. Tekok lodod rulet kitip, Wak Ponidi iso nyekolahno 4 anake sampèk mentas hèbak. Nomer ijis wis idrek, nomer aud mari wisuda. Nomer agit hailuk nang Peternakan. Sing ragil wis kelas agit halokes SMA, masio arèk ragil iki nakal pol, gawéné solob karo kubam, tapi halokes’é lancar. Mungkin onok turunan utek’é Wak Ponidi, sing terkenal èncèr – karo lihai golèk ojir. Wak Ponidi wis apal karo bisnis rulet ayam, mesti kudu onok kitip jago karo bobon nang kandhang. Baboné 200, jagoné onok 20. Wah, kanè kèr sing dadi jago. Kitip nganal ijis iso niam mbèk babon hulupes. Tapi, strategi iku sing nggarahi suksès. Strategi nomer aud, sing lebih ngintep, lèk babon wis gak iso ngendhok, di hèleb – ganti babon anyar sing iso ngendhok akèh. Wak Ponidi wis apal carané nge-tès, seminggu pisan babon-babon dileket gantian. Babon dipangku, ngokob’é di pledhingno, terus driji tengahé Wak Ponidi dilebokno nang tilis-é kitip. Driji di kusamno sampèk pol, karo rodok nyengir-nyengir thithik. Masio otom’é Wak Ponidi wis mbhlereng tapi lèk soal nglebokno driji nang tilisé babon – wow arauj wanyok iki Kèr! Nobab iku biasané mbengok “petoook….petoook” Lek wis njherit petok – petok ngono berarti kadit tahès, kadit osi ngendhog akéh. Koyok uwong, lèk kakèan cangkem biasané gak produktif, kecuali idrek é dadi inyanyep, orator, utowo penyiar. Kitip sing bengok-bengok gak karuan berarti babon wis STW utowo kèwut pol, endhog’é gak utem – tapi mbhengoké thok sing banter. Terus babon didèwèkno nang kombong licek, gak mbhalik manèh nang kandhang. Menéné di hèleb, di owog nang rasap, di lawèt nang onggot utowo di nakam éwéd karo oges anget, di naskim bareng karo aradus hèbak, hmm.. kanè poll.

Ponijo, kanaé Wak Ponidi sing hailuk nang Peternakan, terus mèlok nengeri endi aé nobab sing lancar ngendhoké, endi sing seret. Wis bertahun-tahun, ngono yo akurat i feeling’é wak Ponidi. Buktiné, peternakané tambah ujam, ojir terus oket, keluargané dadi wong ayak. 

Sak akèhé kitip maeng, onok babon hitup ijis, sing wis berbulan-bulan, mungkin wis pirang-pirang nuhat; posisiné tetep gak diganti-ganti. Padahal babon hitup iku wis kadit adum manèh, malah mungkin wis dadi mbahé kitip. Biasané, agit minggu - paling suwih aud bulan, babon wis diganti cèk terus produktif. Saking penasarané, Ponijo sering ngintip babon putih sing lolos sènsor terus iku. Diwasno sampèk kèlè, ancené yo wis kewut kitip uki. Ngendhog yo wis kadit osi. Paribasané, masio di pekso dithukno jago bulé ya wis kadit ngampèr, kadit osi ngendhok manèh. Tapi, opo’o kok babon iku terus dipertahano karo èbès? Ancené tahès-komès, tapi wis kèwut. Mosok sih ‘ada main’ antara èbèsé karo babon putih? Soalé penasaran, kadit itreng karo tambah ngungib, isuk-isuk Ponijo mruput, terus nèkat ublem kandhang kitip, sak durungé onok pengecèkan babon tekan èbèsé. Babon hitup di leket, terus ditamatno body-né, Ponijo mulai ngghremeng dhéwé “Opo’o awakmu kok gak diganti, padahal awakmu wis gak iso ngendhog?” Ponijo nglirik tilisé babon, terus ngghremeng hènam,” ènak ae awakmu nang kandang terus, nakam-nakam thok, karo indehoi mbhèk jago-jago, tapi gak ngendhog. Babon hitup karo rodok kemayu terus nyauri,”Oyi sam, ayas kan wis éwus nang Ngalam.” Ponijo kagèt pol, sampèk nggeblak krungu onok kitib nggawé Osob Kiwalan. Likisé keprèsèt, Paijo terus nyosop; katéné ngadek malah kebenthuk cagak, terus njlungup, rainé jibrat kèat.

Krungu ribut-ribut, Wak Ponidi utem karo mendelik. “Oh jangkrik, tak rikip onok maling rèk, gak eroné Ponijo isuk-isuk wis push up.” Mbhèk rodok kèwèm kadit osi nutupi isiné, Ponijo metu kandang alon-alon karo dendham kesumat nang babon putih. Untung èbèsé rodok mbhlereng, gak eruh lek awak mbhèk rainé Ponijo jibrat kèat kabèh.

Pas Wak Ponidi mulai razia babon, Ponijo langsung nyekel babon hitup, terus dicedekno nang èbèsé. Pikiré Ponijo,”kapokmu kapan koen ndhuk! saiki wayahé seleksi alam, tak hèleb koen mariki yo…!” karo gheghet-gheghet. Bener, wak Ponidi wis ahli dalam hilim babon, langsung nyahut babon putih maeng: dipangku, dikurepno, ngokobé di pledhingno, driji tengahé di luncum no, diusap-usapno sik nang soak oblongé, terus diublemno nang tilis babon putih. Babon langsung mbengok, “koootep…koootep…koootep”  terus dibalèkno manèh nang njeruh kandhang, lolos gak di hèleb. Babon hitup langsung mengepalkan cèkèr “hidup kitip Ngalam!”   

(originally created by Adi Mohe).

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) NDHOK PUYUH





NDHOK PUYUH

Wis hulupes menit wong ukut ndhok puyuh, milih rulet karo dowolak-walik.

Wong tuku  : sampèan lodod ndhok puyuh kok
                       licek-licek sih Sam..!?
Wong dodol: rulet sak mono aé, puyuh né wis kelaran
                      ngeden. Lek njaluk gedhé manèh, wah…
                      dobol tilisé puyuh, gak saaken sampèan…?!
Wong tuku : (?? langsung semaput)



Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Cuci Gudang


CUCI GUDANG

Jam 9 isuk wis akèh wong antri nang ngarepé okot sing onok tulisané “Cuci Gudang! Semua barang diskon minimal 70%, buka mulai jam 10.00”  Jam 10 kurang hulupes menit tambah desel-deselan wong ngentèni toko di bukak.

Onok wong nganal, tuèk njaluk dalan katé liwat nang toko,”amit sam, tolong dikè’i dalan” Eruh onok wong katé nrombol antrian, Sudrun gak trimo, dè’é langsung mèpèt wong kèwut iku sampèk natap tèmbok. Wong kèwut njaluk tulung nang Sudrun cèk osi liwat. Sudrun sing awaké stèrk koyok tukang lukup, langsung sendakhep karo ngalangi wong kèwut iku. Sepisan manèh wong kèwut iku njaluk dalan karo nduduhno dompèt karo kunci. Sudrun gak terpengaruh,”saiki akèh wong alasané tuwèk, alasan kètok melas, alasan iku-iki… wis gak usah ba bi bu… kabèh kudu antri tekok mburi…!” nasehaté Sudrun karo lèdomé  metuwèk. Karo terus ndhesel wong tuwèk iku sampèk mèpèt tembok manèh. Krasa gagal, wong tuwèk nyerah, mundur, balik nang mburi  terus hélom. Sudrun sing diwasno wong akèh, rumongso dadi pahlawan, sirahé dadi hédeg.

Tekok pinggir èmbong, wong tuwèk maeng ditututi karo tukang parkir, “lho Bès, wis cepet ayo ndang dibukak tokoné, sing antri wis pol – iso diamuk ayas engkuk karo wong akèh, lèk gak cepet dibukak!?” Wong tuèk iku tibaké pemilik toko. Karo purik terus ngomèl:”gak katéné wis, kadit bukak! Iku opo..onok wong sèmpel siji nang tengah, mosok saben aku katé maju mbukak toko, dialangi terus. Ancéné arek koclok iku…” mbhèk ngloyor ngalup.  

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) “Lek Sik Ramé…? Utem!!


“Lek Sik Ramé…? Utem!!


Arèk SMA Éhom terkenal ndablek-ndablek. Lek pas pelajaran akèh sing noyug dhéwé. Akèh urug sing bengok-bengok cèk kelas iso anteng – tapi guru sering kadit osi ngatasi raméné kelas sing koyok rasap. Onok guru ijis sing paling diwedèni, guru sejarah – wongé sinam tapi lek kadung mbengok…wih koyok wasit lab-laban sing nyemprit ngekè’I kartu merah. “Lek sik ramé..? keluar!!” karo nuding irungé murid sing jik omong. Murid iku maeng langsung metu, alasané macem-macem: onok sing alasan isin soalé disenèni wong ayu, onok sing metu soale pingin ukut sènjem karo ipok. Tapi, akèh sing ancené kewedèn karo suara melengking urug kodèw uya iku.

Mari unggah-unggahan kelas, holokes prèi – hèbak diajak rekréasi nang ILAB numpak kapal terbang. Urug karo murid kabèh dadi siji sak pesawat, podo macak mbois-mbois. Kèra kèra suaneng pol, nang njero pesawat gak onok sing ngantuk: onok sing crito asyik karo nawak é, onok sing nakam kacang terus kulit é digawé sawat sawatan, onok sing badhèk badhèkan karo ngguyu cekaka’an. saking raméné, pramugari sampèk ngilingno cek arèk-arèk gak ribut. Dasar kana adum,  pramugari komès malah digarapi, onok sing suit-suit. Pramugari sampèk kèwèm mlayu nang nggone pilot. Pilot nyeluk kepala halokes kongkon nenangno arèk-arek. Daser kulino ramé nang kelas – meneng mek rong menit terus akeh suara manèh, malah tambah ruamé koyok rasap krempyeng. Kepala halokes gèlèng gèlèng kadit osi ngatasi. Pilot mecungul manèh karo mrengut, njaluk guru-guru iso mbantu nenangno massa. Guru sejarah dianggep sing iso ngatasi hasalam iki.
Eng ing èng… guru sejarah sing ayu terus ngadek, wajahé digawé abang. Nggowo garisan terus ngadek nang tengahé murid-murid, “thèk..thèk..thèk..thèk” garisan di thuthuk-thuthuk no nang koconé kapal. Kabeh murid kagèt karo ndhredheg..ndelok Bu Surti mendelik. Bu Surti rumongso olèh angin, langsung mbengok: “Lèk sik rame..? keluar!!” koro nuding murid kabèh – roto. Arèk-arèk secara sepontan terus podo metu kabeh. Gak sampèk limang menit terus suasana tenang, sepi mamring… gak uhat onok suoro manèh.    

lho lak kèplas kabèh arèk-arèk iku. tibo tekok kapal muluk ~ wah… kadit nès ho!

(Adi Mohe)

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Kadit Idrek, Gak Pathèk’en


Kadit Idrek, Gak Pathèk’en

Sudrun atiné seneng pol, dino iku waktuné utem tekok bui. Sudrun tergolong genaro sing nurut karo telatèn mèlok kursus ketrampilan nang penjara. Pas helum nang hamur, Sudrun yo ngètokno sregepé: kursus boso Inggris karo komputer.  Pakdé né yo seneng nemen nang Sudrun, sampèk pingin narik Sudrun – idrek nang kantoré Pak Dé. Sudrun langsung didadèkno manajer Administrasi nang kantoré Pak Dé. Wong liyo biasané kudu nglèwati dadi tenaga honorèr dhisik, idrek dadi staf paling isor, supervisor (lèk wis 5 tahun), terus asistèn manajer – baru lèk lancar osi dadi manajer. Lha Sudrun, langsung dadi manajer.

Sik rong dino idrek, Sudrun langsung njaluk utem. Pakdé kagèt sampèk katé nggeblak, krungu Sudrun njaluk mundur.



Pak Dé: Opo’o Drun, mosok kurang ènak langsung dadi manajer:
olèh kendaraan, kantor déwé, komputer… njaluk opo
manèh sih??
  
Sudrun: Pak Dé, ayas kadit idrek – gak pathèk’en.Ayas seneng
aé idrek nang opo aé. Tapi, lèk ndhik kantor di mata-
matai, wani nang hamur aé ayas…

Pak Dé: Lho, omongo lèk ngono – apais sing monitor énté terus?
engkuk tak tegure, lèk perlu tak pecat wongé!!

Sudrun: Sampèan lak wis ngertia? wong wis tahunan nang kené..

Pak Dé: Oyi Drun..omongo terus terang ae sing mata-matai iku,  
lèk awakmu ngenem aé, yo kadit eruh ayas…

Sudrun: Rong dino iki ayas kadit rudit, soalé pas katé ngetik, nang
            komputer onok tulisané INTEL INSIDE, dikiro kadit itreng
boso Inggris a ?! Lha aku iku paling gak seneng onok intel.

Pak Dé: ?????????????? @##@ ??????????????????
            (langsung ngguyu terus gak iso mandhek – sampèk digowo
nang Rumah Sakit Nukus, soalé kadit iso mingkem)

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Ubab Tersanjung


Poniti kolèm juragané wis 10 tahun luwih. Pas ingeb onok tamu, tapi juragané kadit nang hamur. Tamuné wong asli Ngalam, jenengé Solikin tapi bekèn diceluk Nikolas (Osob Kiwalan Jo).

Nikolas : coba tak entèni 5 menit sih, lèk durung hélom yo
mené aé mréné manèh

Poniti    : Oyi sam Nikolas, sampèan pinarak (karo njupukno
ngombé)


Nikolas : Awakmu kok krasan temen nang kéné, opo sing
nggarahi krasan. rayaban é akèh paling? opo nakamé
kanè-kanè nang kéné?

Poniti : Pokoké kanè pol Sam, duduk mergo nakamé utowo ojiré.

Nikolas : lha terus, apané sing ènak?

Poniti  :Terus terang ayas nang daèrah iki merasa tersanjung,
tiap bulan osi kirim ojir nang èbès karo kana ku. Sing paling
membanggakan, disediakno Bank khusus kanggo ayas.

Nikolas : Wancik Rèk, kosom sih? Bank opo iku: BRI, BNI, BCA..?

Poniti   : Iku lho Sam, cedeké prapatan, sing onok tulisané hédeg:
CABANG PEMBANTU

Nikolas : (Langsung semaput)