KELUARGA KORBAN
Pas hélom tekok idrek, Ponidi ndelok onok kerumunan wog akèh. Ponidi pingin itreng, koyoké onok kecelakaan. Katé nyedek, Ponidi gak osi ndelok, onok opo sakjané ndhik tengahé wong-wong akèh iku. Malah krungu suaro,” sing kenèk tabrak likisé.” Onok hènam sing ngomong,”sing nabrak nggawé sepeda motor prèthèlan terus mlayu – gak tanggung jawab.” Ponidi tambah pingin eruh korban tabrak lari iku. Tapi saben kete nrombol wong sing ngrubung, mesti gak osi, saking akèhé wong.
Ponidi terus ngetokno akal kancilé, sing terkenal brilliant & kreatif. Ponidi terus mbengok,”Minggir sam! ayas rulud é si korban – tulung ringgim. Ayas aradus é sing kenèk tabrak.” Krungu dulur-é korban, wong-wong molahi ndelok Ponidi, namatno wajahe Ponidi. Ponidi rikim,” wah berhasil iki…!” Temenan, onok sing ngandani, “sik minggir Kèr, iki onok duluré si korban.” Wong-wong mulai nyisih, Ponidi olèh angin. Lèdom e Ponidi pokoké koyok wong kenthel wis – langsung iso nembus nang tengahé kerumunan.
Bareng tekok tengah, Ponidi takon, “Endi sing ditabrak?” onok arèk licek langsung mbengok, “yoiki sing ditabrak!” Wuih kaget temenan, tibak’é sing ketabrak: wedus ireng. Ponidi rainé mbrabhak, sampèk mèwèk, uisin pol.
No comments:
Post a Comment