Thursday, March 31, 2011

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) Beo Inyanyem


BéO INYANYEM

Juragan Sudrun terkenal medhit pol. Wanyik iki senengané ngingu manuk béo sing pinter inyanyem. Pas tanggal abang, Sudrun uklam-uklam nang Rasap Burung. Nang stan pojokan akèh wong ngrubung, ndelok kepinterané béo sing pinter inyanyem. Nayamul, isuk-isuk akèh sing dihibur karo nyanyiané kunam, mulai lagu dangdut sampèk jazz.

Sudrun cobak nyedhek, sing duwé béo langsung nyopo,”Salam Utas Awij Gan! Béo iki lek ditarik likisé sing kanan, osi nyanyi dangdut.” Likisé béo ditarik thithik langsung krungu lagu Keong Racun vèrsi dangdut. “Terus, lek likis owik é ditarik, osi nyanyi lagu sendu”. Reneb, likis kiri ditarik – béo langsung menyanyi FEELING vèrsi Julio Iglesias” (wik..wong-wong sampèk mbrebes mili).

Sudrun munyes sampèk kètok untu pathikané, tapi gak gelem rugi, terus takon nang sing duwé kios,”lek likis é ditarik hèbak, kiwo-tengen, nyanyi lagu opo yo?” Béo langsung nyahut ”yo nggeblak ayas! iki wis kèwut tapi nemen gobloké hé hé hé” Béo terus ngguyu, Sudrun terus mlayu kepoyo-poyo.  (Adi Lassta)

No comments:

Post a Comment