Tuesday, April 26, 2011

Guyonan Boso Malang (Noyug Jès…. ) OYI WIS...!

OYI WIS!

Wis rong mingu iki Sudrun kadit osi rudit sing kanè. Saben bengi ngimpi tonggoné kodèw sing tahès-komès. Sudrun nggendhengi temenan nang kèra ABG iku. Tapi, masalahé, arek imut sing koyok golèkan Barbie, kadit itreng lèk di taksir. Jeneng asliné Tinuk tapi bekèn diceluk Tinuk Barbie soalé pipiné sulum terus idep é malik.
Rong minggu dhisik Sudrun ngekè’i permen sak plastik, mari omong “nuwus yo Sam” – terus yo uwis acuh manèh, permené malah didum nang kèra licek-licek. Tahu di jak ndhelok biskop, alasané “males sam, peteng nang njeruh gedhung”.  Di cobak nakam bareng, ditukokno karcis Arèma, digawèkno soak gambar ati… sik gak ngempèr.

Sudrun tambah glèbakan, sering ngimpi iso dadi amrin é Tinuk. Opo manèh lek iso ngambung pipiné… wezz rasané ndonya horeg, koyok kenèk lindu 7,6 SR. Soalé gak kenèk di empet manèh, Sudrun nang Buliké Tinuk: takon senengané Tinuk, karo ngepèk atiné pisan cèk osi ndhukung Sudrun. Pas dino minggu, Sudrun osi ngejak Tinuk uklam-uklam nang Pujon tapi karo ngejak Buliké, konconé Tinuk, kida é, pokoké pas sak libom. Cek gak ketoro, adiké Tinuk sing licek di kongkon lungguh ngarep karo Sudrun.

Ndhik Pujon, nang peternakan ipas susu, Sudrun golèk perhatian nang Tinuk, nyedek’i (karepé pingin indehoi), karo nduduhno sapi sapi sing nakam suket.

Sudrun : Nuk… aku kepingin nyampèkno isi atiku, olèh-nggak?

Tinuk   : Oyi Sam.

Sudrun : Ayas pingin koyok sapi lanang iku loh, sing nang tengah lapangan (karo    
              nuding sapi lanang sing ngambung sapi kodèw)

Tinuk   : (ndelok nang tengah lapangan sediluk… terus manthuk)
              Horééé… Oyi wis, agéan Sam, sampèyan ndang nang tengah lapangan – tak
              entèni kéné yo..!

Sudrun : (langsung kuagèt pol, otomé kepyur-kepyur… sirahé kroso munyer koyok
              kèh-kèhan)

No comments:

Post a Comment