CUCI GUDANG
Jam 9 isuk wis akèh wong antri nang ngarepé okot sing onok tulisané “Cuci Gudang! Semua barang diskon minimal 70%, buka mulai jam 10.00” Jam 10 kurang hulupes menit tambah desel-deselan wong ngentèni toko di bukak.
Onok wong nganal, tuèk njaluk dalan katé liwat nang toko,”amit sam, tolong dikè’i dalan” Eruh onok wong katé nrombol antrian, Sudrun gak trimo, dè’é langsung mèpèt wong kèwut iku sampèk natap tèmbok. Wong kèwut njaluk tulung nang Sudrun cèk osi liwat. Sudrun sing awaké stèrk koyok tukang lukup, langsung sendakhep karo ngalangi wong kèwut iku. Sepisan manèh wong kèwut iku njaluk dalan karo nduduhno dompèt karo kunci. Sudrun gak terpengaruh,”saiki akèh wong alasané tuwèk, alasan kètok melas, alasan iku-iki… wis gak usah ba bi bu… kabèh kudu antri tekok mburi…!” nasehaté Sudrun karo lèdomé metuwèk. Karo terus ndhesel wong tuwèk iku sampèk mèpèt tembok manèh. Krasa gagal, wong tuwèk nyerah, mundur, balik nang mburi terus hélom. Sudrun sing diwasno wong akèh, rumongso dadi pahlawan, sirahé dadi hédeg.
Tekok pinggir èmbong, wong tuwèk maeng ditututi karo tukang parkir, “lho Bès, wis cepet ayo ndang dibukak tokoné, sing antri wis pol – iso diamuk ayas engkuk karo wong akèh, lèk gak cepet dibukak!?” Wong tuèk iku tibaké pemilik toko. Karo purik terus ngomèl:”gak katéné wis, kadit bukak! Iku opo..onok wong sèmpel siji nang tengah, mosok saben aku katé maju mbukak toko, dialangi terus. Ancéné arek koclok iku…” mbhèk ngloyor ngalup.
No comments:
Post a Comment